Ceritaku
Awan iku panase sumelet. Krana gorongane garing lan ngelak banget, Kancil kepengin menyang kali saperlu ngombe. Sawise ngombe samareme, dumadakan Kancil krungu swara sing njaluk tulung. Kepengin ngerti sapa sing njaluk tulung mau, Kancil banjur nyedhaki menyang asale swara. Saeba kagete Kancil nalika lakune tekan enggok-enggokan kali. Panyawange tumancep marang Kebo sing lagi sambat kelaran merga sikile dicokot Baya. Mangerteni kahanan kaya ngono Kancil rumangsa welas. Kepengin nulungi Kebo sing arep dimangsa Baya. Nanging kepriye carane sing arep nulungi? Kancil banjur ngulur pikire. "Kebo lan Baya, piye kabarmu? Apa kowe sakloron lagi padha dolanan lan gegojegan?" tembunge Kancil sawise ana cedhake Kebo lan Baya. "Cil, aku lagi apes tenan iki. Tulungana aku," kandhane Kebo karo ngempet lara. "Apik Cil, kabarku. Dina iki aku pancen lagi untung banget," semaute Baya. "Piye ta iki critane. Sing siji omong apes lan sing siji omong untung. Jan-jane ana ...